Desa Kayunan
Cerita
Mbah Kayun di Desa Kayunan
Sawise rampung nerimo ajarana ilmu agama lan ilmu-ilmu
liyane kaya tetanen marang warga sing bakal urip neng kono. Caramu mbabad kudu
dilandasi rasa ikhlas lan jujur. Ora kena jaluk bantuan kekuatan gaib . Kepriye
mbah Kayun?”
“Aku saguh nglakoni tugas iki guru.”
Wangsulane mbah Kayun dirasakake para kanca-kancane katon manteb.
Wengi kuwi mbah Kayun TOPO ana ing panggonan sepi, jaluk dijambarake pikirane
lan dikuatake badane. …….Esuke mbah Kayun manteb lunga nglaksanakake tugase
dipeloni pejuang siji kanggo kancan lan biyantu apa-apa. Lungane mbah Kayun
ninggalake rombongan dibarengi rasa khawatir marang guru lan kanca-kancane.
Nanging, mbah Kayun kudu gesit anggone nglakoni jejibahan mau supaya bisa cepet
bali maneh kumpul karo guru lan kanca-kancane.
Mbah Kayun mlaku nglewati alas siji lan sijine.
Mbah Kayun mlaku sasuwene srengenge jemedhul nganti
srengenge turu. Ora krasa kesel lan ngeluh apa-apa. Ing tengah-tengah alas nyedhaki panggonan sing dituju kaya wangsite
gurune. Satekane mbah Kayun ing cedhak dhaerah sing dituju, . Banjur kancane
mbah Kayun sing meloni saka pertama mau dikon bali karo mbah Kayun merga mbah
Kayun ora gelem nggawe kancane cilaka merga melu-melu ngurus tugas sing abot.
“mbah Kayun netep ana ing tlatah kuwi lan nyiapake badan lan
pikiran kanggo mbabad desa ngesuk.
.
MBAH KAYUN eling tugase saka gurune yaiku kudu mbabad desa
kanthi cepet. Naning yen carane kaya mengkene dibabadi nganggo arit saka
pinggir sithik blaka sithik kapan rampunge. Durung neg wis dadi desa kudu
nyebarake ilmu agama lan ilmu liyane karo wargane. Mbah Kayun katon putus asa
nanging dheweke ora bakal nglanggar pantangane yaiku nganggo kekuatan gaib
kanggo bantu mbabad. Sewengi mbah Kayun semedi ngluru cara cepet supaya bisa
rampung anggone mbabad. Esuke asile semedi mbah Kayun duweni gagasan tlathahe
dibabad kanthi cara dibakar dadi cepet dadi desa. Mbah Kayun nalika isih mbabad
desa, merga wis tuwa mulakna menawa kesel mbabad, dheweke leren banjur dolanan
yun-yunan. Yun-yunan digawe saka tali-tali jupuk neng alas sing ditaleni karo
wit siji lan sijine. Ana sing weruh, yen bengi mbah Kayun kuwi sering dolanan
geni lan obong-obongan ing saktengahing alas. Warga niteni yen wong sing mbabad
desa iki yaiku mbah-mbah sing WIGATI pawakane ayu tapi emboh lanang to
wadon,,,,ono seng ngarani jenenge mbah GATI…. Mergo wong sing WIGATI,,,,ono
sing jenengi mbah AYU sing seneng dolanan ayun-ayunan, yaiku mbah Kayun.
Mbah Kayun banjur menehi desa sing wis dibabad kanthi jeneng DESO KAYUNAN.
Alasan dijenengi Kayunan yaiku dijupukna saka nama mbah Kayun kuwi dhewe lan
gaweane mbah Kayun sing seneng ayun-ayunan. Sawise desa katon padhang, mbak
Kayun ngajarake ilmu-ilmu agama lan ilmu-ilmu kanggo sangu urip ….gawe
ikrak,tumbuh.kurungan manuk.lan tetanen.. Mbak Kayun dadi salah sijining sesepuh desa
ana kana, lan ing sisa umure mbah Kayun ngusahakake uripe migunani kanggo
sesama. Mbah Kayun dicritakake ngentekake umure utawa mati ana ing Kayunan lan
dimakamake ana kana uga. Ora mung mbah Kayun, para kanca cedhake uga dimakamake
sapanggonan karo makame mbah Kayun.
Sawise mbah Kayun ninggal donya, sing katon mung rupa makame.
“Mbiyen nalika aku nembe pindah rene menyang desa Kayunan, aku kerep keprungu swara krincing-krincing
lakuning jaran. Aku wedi wektu kuwi. Nanging saiki aku ngerti yen kuwi jaran
apik sing lagi njaga desa. Nanging saiki aku wis ora pernah krungu maneh
swara-swara kaya kuwi neng kene.DESO KAYUNAN .
Kanggo wong pendatang anyar utawa tamu sing nginep ing desa Kayunan swara iki
katon medeni, …… Carane mbah Kayun mbabad desa kanthi dibakar mau dipercaya
kaya-kaya dadi sebabe keneng apa warga desa Kayunan asli senenge panas-panasan
bab donya. Saliyane kahanan mau, merga desa Kayunan dibabad kanthi cara
dibakar, diyakini WONG DESO KAYUNAN..tiap pilihan lurah selalu panas
panasan…ngegulno jagone dewe dewe…… kadang direwangi satrunan antar pendukunge……….
Makame mbah Kayun nganti saiki ora ana sing wani nganggep
dolanan, neng sekitare makame mbah Kayun.
. Beda karo bocah cilik utawa wanita sing isih ngandhut,
lagi tekan kadohan weruh wit-witane makam sing ngrembuyung wae wis mrinding
kabeh. Kanggo wong sing jarene sakti utawa duwe kaluwihan indra, neng ngisor
wit godhong jaran neng njero makame mbah Kayun, bisa weruh kolam isi dhuwit.
Iki nandhani mbah Kayun kuwi sugih banget.
Warga desa Kayunan saikine peryaca yen makame mbah Kayun
kudu dikurmati minangka nenek moyang desa. Mula, warga desa Kayunan rutin
nganakake nyadran utawa sedekah bumi kanggo ungkapan rasa syukur marang Gusti
lan rasa hormat marang mbah Kayun. Tradisi turun temurun sing dilakoni para
warga tumprap makame mbah Kayun yaiku saben wulan Sapar lan Ruwah nganakake
nyadran minangka wujud syukur utawa sedekah bumi, ndongani muga-muga desane
entuk kamulyan saka Gusti. Sedekah bumi iki hukume wajib kanggo warga desa
Kayunan, durung ana saka mbiyen nganti saiki sing wani mlenceng saka aturan
mau. Yen ora sedekah bumine.. warga Kayunan nyakini ana kedadean sing ngeri
bakal nimpa desane. Dadi saka mbiyen warga desa Kayunan pancen ora tau ninggal
sedekah bumi apa maneh ngerenake mbah Kayun.
Nalikane wayah sedekah bumi, para warga desa Kayunan
esuk-esuk banget para bapak padha mara menyang makam….. saperlu reresik makam
lan lingkungan sakitare. Dene ibu-ibu padha sibuk neng dapur nyawisake panganan
sing arep digawa kanggo sedekah Bumi. Sakwise makam wis resik, bapak-bapak
padha bali jupuk ambengane dhewe-dhewe banjur digawa reng makam kanggo
dislameti. Bocak cilik-cilik padha rame-rame nonton lan ngenteni anduman jajanan.
Panganan sing dimasak utawa digawa para kepala kulawarga akehe sega nganggo
lawuh mie, endog, tempe, lan ayam. Wjude sega mau dideleh neng tampah, nanging
uga ana sing ditum dadi pitu. Sakliyae sega ana sing gawa ketan srundeng cacahe
pitu, jajan pasar, jajar kering, krupuk, utawa buah. Dadi ibarate apa wae sing
penting panganan mau sumbere saka warga Kayunan dhewe lan ikhlas kanggo sedekah
bumi. Sawise slametane rampung, para bapak padha mangan sega ambengan sing wis
dicampur dadi siji. Bocah-bocah cilik padha jejer ngenteni anduman jajanan saka
bapak sing mbagi banjur nek wis oleh sakplastik bali dhisik. Kanggo ibu-ibu
sing ana neng omah uga kebagian yaiku sawise bapak-bapak padha mngan bareng
panganan sing isih turah digawa bali. Filosofine saka sedekah bumi iki ora liya
anane gotong royong para warga sing apik lan upaya nglestarikake tradisi turun
temurun ngormati nenek moyang.
Sakdurunge warga mlebu wilayah makam, ana tradisi maca salam ing batin, tujuane
kanggo ngajeni sing duwe panggonan yaiku mbah Kayun. Sanadyan ngucapane
dibatin,
Terus sopo
mbah kayun????????
Bener pora mbah kayun iku seng babad deso kayunan?????
Sem
Tidak ada komentar:
Posting Komentar